Sifat Orang Bahasa Jawa
Sifat Orang Bahasa Jawa
1. Adigang : ngandel-endelake kakuwatanne
2. Adigung : ngandelendelake kaluhurane
3. Adiguna : ngendel-endelake kapinterane
4. Ambekdarma : seneng tetulung, welasan
5. Ambekpati : ora wedi pati
6. Ambeksiya : seneng nganiaya
7. Ambeksura : kendel banget
8. Ambekwani : kendel banget
9. Alim : pinter tur anteng
10. Anteng : meneng ora akeh gunem
11. Andhap asor : ora gumedhe, ora umuk
12. Bandel : ora cingeng, ora gembeng
13. Beres: ora duwe niyat ala utawa goroh
14. Bencirih : gampang kena ing lelara
15. Berbudi : seneng weweh, loma
16. Blater : pinter sesrawungan
17. Mblubud : nekat ora duwe isin
18. Brangasan : gampang nepsu
19. Mbrekunung : nggugu karepe dhewe
20.Cendhala : ala kelakuanne
21. Centhil : emoh weweh/ medhit
22. Climut : dhemen nyenyolong
23. Clingus : isinan, ora kendel sesrawungan
24. Cluthak : seneng mangan apa-apa
25. Cubluk : bodho
26. Cugetan : mutungan, ora sabar
27. Culika : dhemen ngapusi
28. Ndableg : ora ngrewes ing pitutur
29. Dahwen : seneng nacad
30. Daksiya : seneng mara tangan
31. Delap : seneng nganiaya
32. Ndhendheng : Angel dituturi
33. Drengki : meri marang kabegjane liyan
34. Ndhugal : kurang ajar
35. Gathekan : Gampang ngerti, lantip
36. Gembeng : Gampang nangisan
37. Geleman : Manutan, gampang gelem
38. Gemi : Pinter ngirit, nganggone
39. Getapan : Gampang kagel
40.nggragas : Seneng memangan sing kurang patut
41.Jail : Seneng gawe piala / usil
42. Jirih : Ora kendel / weden
43. Julig : Pinter nindakake bab ala
44. Kemproh : Ora resikan
45. Kendel : Duwe kewanen
46. Kesed : Ora oyan gawe
47. Kethul : Ora gampang ngerti
48. Loma : Seneng weweh
49. Lonjo : Guneme sak wiyah-wiyah
50. Lugu : Kaya apa anane
51. Melikan : Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni
52. Mentahn : Ora duwe rasa welas
53. Meren : Gampang meri
54. Mopo : Ora gelem nglakoni
55. Murka : Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe
56. Muthakil : Sugih akal kanggounthunge dhewe
57. Ngebreh : Mbuwang dhuwit, boros
58. Panasten : Seneng manasi liyane marga meri
59. Parawadulan : Seneng wadul
60. Prasaja : Beres
61. Sabar : Ora gampang nesu, sareh anggone
62. Saen : Ora isinan
63. Satiti : Sarwa ngati-ati
64. Slingkuh : Ora beres
65. Srakah : Kumudu-kudu oleh akeh dhewe
66. Srei : Kumudu-kudu njaluk menang
Referensi: