Tembung Saloka Bahasa Jawa

Tembung Saloka Bahasa Jawa

Tembung saloka yaiku unen-unen ajeh panggonane ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

Tembung Saloka merupakan salah satu tembung Bahasa Jawa yang berupa kata kiasan. Mengapa bisa dibilang salah satu?
Karena selain tembung saloka ada juga kata kiasan lain, yakni paribahasa dan bebesahan. Terdapat perbedaan saloka, paribahasa dan bebesan. Masing-masing mempunyai ciri khas masing-masing.
Ciri-ciri tembung saloka adalah:
1. Mempunyai makna kias
2. Mempunyai sifat tetap
3. Mengandung ungkapan pengandaian
Berikut adalah contoh tembung saloka:
  1. Asu belang kalung wang : Wong ala nanging sugih bandha.
  2. Asu gedhe menang kerahe : Luweh dhuwur pangkate, luweh dhuwur panguwasane
  3. Ati bengkong oleh oncong : Wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan
  4. Baladewa ilang gapite : Kekuatane ilang
  5. Bathok bolu (bolong telu) isi madu : Wong asor nanging sugih kapintaran
  6. Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter, sijine kalah trampil
  7. Belo melu seton : Melu anut grubyung ning ora reti karepe
  8. Beras wutah arang bali marang takere : Barang sing wis rusak angel pulih kaya asale
  9. Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mustahil bisa kelakon
  10. Cecak nguntal cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuatane
  11. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Elek diunekake apik, apik diunekake elek
  12. Dhemit ora ngulit, setan ora doyan : Tansah diparingi keselametan
  13. Dom sumurup ing banyu : Laku sesidheman kanggo nyurumupi wewasi
  14. Duka yayah sanipi : Wong kang nesu banget
  15. Emprit abuntut bedhug : Perkara sepele dadi gedhe
  16. Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enake
  17. Gagak nganggo lare merak: Wong cilik tumindak kaya wong gedhe
  18. Gajah alingan suket teki : Lahir lan batine ora padha bakal ketara
  19. Gajah ngidak rapah : Nerjang janjine dewe
  20. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah : Wong gedhe kang padha pasulayan, wong asor kang dadi korban
  21. Garang Garing : Wong sumugih nanging asline kekurangan
  22. Gong lumaku tinabuh : Wong kang kumudu-kudu ditakoki, dijaluki piwulang
  23. Iwak lemebu wuwu : Wong keno apus kanthi gampang
  24. Jaran kerubuhan empyak : Wong kang wis kapok
  25. Jati ketlusuban ruyung : Kumpule karo wong becik kelebon wong ala tumindake
  26. Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwane
  27. Kakehan gludug kurang udan : Akeh ngomong ning ora ono buktine
  28. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : Wong kang ora duwe papan panggonan
  29. Kaya banyu karo lenga : Wong sing mboten bisa rukun
  30. Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ono sing merlokake
  31. Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, iseh ngetokake ragat kanggo nggoleki
  32. Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak
  33. Kebo mulih ing kandhange : Wong lungo wis suwe, mbalek ning omahe meneh
  34. Kebo nusu gudel : Wong tuwo jaluk warah wong enom
  35. Kemladheyan ngajak sempal : Wong mondhok ngajak rusak
  36. Kenes ora ethes : Wong sugih ning bodho
  37. Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur
  38. Kere nemoni malem : Wong sing serakah
  39. Kethek saranggon : Sagerombolan wong kang tumindak ala
  40. Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan kang ala
  41. Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang : Wong kang ora duwe omah sing tetep
  42. Kriwikan dadi grojogan : Perkara cilik dadi gedhe
  43. Krokot ing galeng : Wong sing mlarat banget
  44. Kurung munggah lumbung : Wong cilik didadekake wong gedhe
  45. Kutuk marani sunduk : Njarak marani bebaya (bahaya)
  46. Lahang karoban manis : Rupane bagus/ayu tur apik bebudine
  47. Lambe satumang kari samerang : Ditururi bola-bali tetep wae ora nggugu
  48. Legan golek momongan : Kepanak malah digawe rekasa
  49. Ngalasake negara : Wong kang ora manut pranatane negara
  50. Opor bebek mentas awake dhewe : Rampung saka dayane dhewe
  51. Ora gonjo ora unus : Wong sing ala rupane lan atine
  52. Palang mangan tandur : Dipercaya malah ngerusak
  53. Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengan
  54. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki
  55. Satru munggawing cangklakan : Mungsuh wong kang iseh sedulur
  56. Sumur lamaku timba : Wong kang kumudu-kudu ditakoni
  57. Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka geneme dhewe
  58. Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsung wong duwe penguwasa
  59. Timun wungkung jaga imbuh : Wong sing bodho kanggone mung yen kekurangan wae
  60. Tumbak cucukan : Wong kang seneng adu-adu
  61. Tumbu oleh tutup : Sampun cocok banget
  62. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : perkara ala ngabra-ambra, perkara becik ming kari sethithik
  63. Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan

Referensi:

Sekolah Online

Kuliah Online

Pinterin

0 / 5

Your page rank:

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*

code